1. Mantra Kadigjayan

Mantra Siyung Wanara
Gebyar sapisan sakehing cahya padha sirna, gebyar pindho sakehing roh padha sirep, rep sirep sajagade, kepyar-kepyur si bajul padha lumayu bubar. Lakune nglowong 3 dina 3 bengi, wiwite dina Setu Kliwon. Mantra diwaca kanggo nyingkirake baya Ian buron banyu kang galak, sarta uga diwedeni wong akeh.

Mantra Panawaran .
Niyatingsun dhahar, rowaningsun tapa kang dhahar. Niyatingsun sare, rowangingsun tapa kang sare, krana ingsun iki wus kawengku ing alam nasut, Malaekat Jabarut yaiku kang dhahar, kang sare jagade sahir kabir, cahya mangan ras, rasa mangan cahya, cahya mulya, rasa sampurna. Lakune mutih 3 dina 3 bengi, sarta nglowong 3 dina 3 bengi, wiwite dina Jumuah Pahing. Mantra diwacayen arep mamangan, supaya manawa diracun ing wong, bisa tawar tawar ora tumama.

Mantra Panulak Wesi Aji
Ingsun kawulaning Allah, kang matek saka suryakumar, bukiyadi angambang jagad walikan, langgeng tan kenaning owah, huyahu, huyahu, huyahu, sallahu ngalahi wasalam, dating suci ing sahudaya, ratuning sadatulah, ingsun lanang sejati, kang tan pasah sakehing tumumpang ampang ngalumpruk kadi tibaning kapuk, yahu jabardas, bar tan tedhas ing keris suleman Ian sakehing gagaman kabeh. Lakune ora mangan uyah 40 dina, banjur mutih 3 dina 3 bengi lan patigeni sadina sawengi, wiwite dina Kemis Wage. Mantra diwaca ana ing paperangan lan yen ana babaya pakewuh.

Mantra Pagering Awak
Allahumma kulhuwallah, lungguhku imbar, payungku imbar, wong sajagad kabeh kang sumedya ala marang aku, nyawane kari sadhepa, sa’asta, sakilan. Wong kang sengit marang aku, cupeten angen-angene, sandhang pangane lan sabarang niate kabeh, pet cupet karsaning Allah. Lakune mutih 7 dina 7 bengi, wiwite dina Kemis Wage. Mantra diwaca yen ana rerusuh utawa yen perang.

Mantra Siluman
Salallahu ngalaihi wasalam, alahuma kulhu Allah, lungguhku imbar, payungku imbar, mimang mimong si Wisakarma tengahing angin, apipit maya-maya ora katon apa apa, kang hima kakalangan petheng dhedhet alimengan si imbar ngemuli aku, wong sabuwana bloloken ora weruh aku. Lakune pasa 21 dina, kanane mangan (buka) mung sapisan sabenjam 12 bengi, yen pasane wis rampung banjur ngebleng 7 dina 7 bengi, wiwite dina Rebo Pon. Mantra diwaca yen ana bebaya utawa yen perang. Yen ketrima bisa ngilang ora diweruhi wong.

Mantra Pambukak
Walahumin walaihim mukitum baihuwa kur‘anu mujidu sakabehing karsane Pangeran ya karepku, ora ana barang angel ora ana barang ora tumeka, gampang tumeka kersaning Allah. Lakune mutih 7 dina 7 bengi, ngebleng 3 dina 3 bengi, wiwite dina Kemis Wage, ing dina iku bancakan jajan pasar lan jenang abang putih, baro-baro. Mantra diwaca kaping 7, yen katrima bisa mbuka barang kang tinutup utawa kinunci, sanajana ana sajroning peti wesi pisan iya bisa mbuka. Patrape sarampung maca donga, barang mau kasikut nganggo sikute kiwa nuli kadamu ping 3. Insya Allah yen dinarima bisa menga dhewe. Sawise rampung tirakate banjur dicoba, yen durung katrima, dibaleni tirakat maneh.

2. Aji Jaya Kawijayan

Aji Tanggul Balik
Kulhu buntet, badaningsun Kanjeng Nabi panutan, rasaningsun Rasul, tekeningsun Malaikat, luputa kang den arah, ambalik marang kang ngarah. Aji Tunggal balik iku perlu kanggo panulak cabare panggawening mungsuh. Lakune patigeni 3 dina 3 bengi, wiwite dina Selasa kliwon, Aji diwaca ana ing latar ajeg sabenjam l2 bengi, sajroning mumungsuhan.

Aji Panglarutan
Simaling sekti roh ilapi ratuningroh kabeh, sira sun kongkon soroten banyune ratuning rasa, laruten karepe si……(disebut jenenge), aja dibajurake sedya kang ala ora bener, lemes, cabar, bubar karebe tan dadi. Lakune nglowong 3 dina 3 bengi, wiwite dina Kemis Wage. Aji diwaca sakira mungsuh arep nekani, sarta yen arep utawa wus nindakake pakean.

Aji Panglimunan
Bismillahir rahmanir rahim, dat gumilang tanpa sangkan, gumilang tanpa enggon, liyep ilang salin raga, ina fatohia lakoratkanmubila, alahumma alip sirolah, sir Muhammad, sir Abu Bakar, Sir Ngumar, sir Ngali, sir Jabarail, sir allahailulah Muhammad rasulullah, sir wali, sir kuwat berkat, sir teguh sir luput, sir ora katon, sirep berkat saking Nabi Muhammad, lailahailalah, hu yahu, anta, anta, hem, hem, iya iya, hum nasrum hu Allah.
Lakune ngebleng 7 dina 7 bengi, wiwit dina Selasa Kliwon. Yen wus tutug anggone nglakoni banjur dinyatakake, yaiku ing wayah esuk pinuju srengenge metu, ndelenga wawayangane dhewe, yen wewayangane ora katon, tandha wus tinirima bisa ngilang, yen ijih katon wewayangane durung tinirima, iku kena dibaleni ngebleng maneh nganti bisa tinirima. Ajidiwaca yen ana kaperluane. Yen wus bisa ngilang, ora kena nindakake barang panggawe kang ora bener. Dene kenane mung kanggo ngalahake ngapokake mungsuh kang cidra durhaka maring sapapadhane.

Aji Panglimunan
Ingsun amatek si Ajisaka, ingsun mancik bumine Allah, ya aku anake Jan Banujan, aku kilat buwana, sakabehing mungsuh ora padha weruh maring aku, matane dak tutupi bathok bolu, peteng dhedhet alimengan, sakehing mungsuh padha cadok cato-cato pala bingung kersaning Allah. Lakune ngebleng 7dina 7 bengi, wiwit dina Selasa Kliwon. Yen wus tutug anggone nglakoni banjur dinyatakake, yaiku ing wayah esuk pinuju srengenge metu, ndelenga wawayangane dhewe, yen wewayangane ora katon, tandha wus tinirima bisa ngilang, yen ijih katon wewayangane durung tinirima, iku kena dibaleni ngebleng maneh nganti bisa tinirima. Aji diwaca yen ana kaperluane. Yen wus bisa ngilang, ora kena nindakake barang panggawe kang ora bener.

Aji Panglamporan
Ingsun amatak ajiku si Panglamporan, kangaran Nabi, Wali, banyu, barat, geni, sira wengakna lawang suwarga kang tunda pitu, menga mblarat luwar kersaning Allah. Banjur katerusake matak aji Welutputih, unine, Ingsun amatak ajiku Welutputih arsa mrocot jroning watu, mrocot kersaning Allah. Lakune mutih 7 dina 7 bengi kemulan lawon putih, wiwite dina Selasa Kliwon. Ajidiwaca sajroning peperangan utawa yen ana bebaya pakewuh.

Aji Panawaran
Ingsun amatakajiku si panawaran, ingsun lanang sejati, ngadeg tengahing tawang, urip langgeng gumantungm tanpa enggon, gumilang tanpa wawayangan, hu ingsun sajatining suksma langgeng. Sakehing braja tumiba ing tawang tan tumamam ing badaningsun. Lakune nglowong 7 dina 7 bengi, wiwite dina Kemis Wage, Aji diwaca sajroning perang, utawa yen ana bebaya pakewuh.

Aji Lembu Sakilan
Ingsun amatak ajiku si Lembusakilan, rasulku lungguh, brahim nginep babahan, kep-karekep barukut kinemulan wesi kuning wesi mekangkang sacengkang sakilan sadempu, sakehing braja tan ana nedhasi, bedhil pepet mriyem buntu tan tumama kersaning Allah. Lakune 40 dina mung mangan gogodhongan dikulup bumbune mung uyah, ngombene banyu kendhi, yen wis tutug 40 dina banjur nglowong 3 dina 3 bengi, wiwite dina Kemis Wage. Aji diwaca sajroning perang, nirokake unine sapi sarta mangan daging sapi.

Aji Petake Jeyengrama
Ingsun amatak ajiku, Jayabarut ingsun jumeneng datullah, umadeg tengahing jagad, sakabehing mungsuh sakubeng ing cakrawala kang padha durhaka, krungu petak gelap sakethi, padha bedhah kupinge, pecah endhase. Lakune pasa 40 dina mangan mung sapisan sabenjam 12 bengi, sawise pasa tutug 40 dina, banjur ngebleng 7 dina 7 bengi, wiwite dina Rebo Pon. Aji diwaca yen campuh perang sarta ngarepake campuh.

Aji Gelap Ngampar
Ingsun amatak ajiku si Gelapngampar, gebyar-gebyar ana ing dadaku, ula lanang guluku, macan galak ana raiku, surya kembar ana netraku, durga deg lak ana pupuku, gelap ngampar ana pangucapku, gelap sewu ana suwaraku, ah aku si gelap sewu. Lakune pasa 40 dina, mangane mung sapisan saben jam 12 bengi, sawise pasane tutug 40 dina, banjur nglowong 7 dina 7 bengi, wiwite dina Setu Kliwon. Aji diwaca yen campuh perang sarta ngarepake campuh.

Aji Brajamusti
Ingsun amatak ajiku si Brajamusti, kang aneng Pringgodani, purubaya, purubaya, ototku kawat, balungku wesi, kulitku tembaga, dengkulku paron, dagingku waja, epek-epekku wesi menkangkang anteb tanpa sama, ajur mumur katiban tanganku, heh ya aku purubaya ratuning wesi kabeh, sakehing braja nglumpruk kadi kapuk tan ana tumama ing badanku. Lakune nlowong 7 dina 7 bengi, wiwite dina selasa Kliwon. Aji diwaca yen campuh perang lan sa’arepe perang.

Aji Bandung Bandawasa
Ingsun amatak ajiku Bandungbandawasa, kang mengkoni ratuning wesi, kulitku tembaga, dagingku waja, ototku kawat, balungku wesi, bayuku rasa, dengkulku paron, heh ya aku Badung Bandawasa ratuning karosan kabeh, sarupaning gegaman tan ana tumama ing badanku. Lakune nglowong 7 dina 7 bengi, wiwite dina Setu Kliwon Aji diwaca yen adhep-adhepan lan mungsuh yen wis arep Perang.

Aji Balasrewu
Ingsun amatak ajiku balasrewu, kang tapa guwagarbane si Bagaspati, sakabehing widadara widadari, Malaekat, Nabi, Jim setan peri prayangan wis luluhsarira tunggal. Sakehing mungsuh ngarep mburikiwa tengen keblat papat padha kamigilan kaprabawan ajiku si balasrewu kang mbrubul metu maewu-ewu tan kena pati, temah pad agiris lumayu bubar sar-saran, iya ingsun atining bumi. Lakune nglowong 7 dina 7 bengi, turune yen bengi ana ing tritisan. lemek godong gedanag bantal bata, yen awan kena ana omah, wiwite dina Rebo Pon. Aji diwaca yen maju perang.

Aji Cindhe Amoh
Ingsun amatak ajiku si Cindeamoh, sing-sing ubed-ubed sabukclana cinde amoh, rontang-ranting saluwir tinutupan wulan purnama srengenge sewu, hewu, hewu, iya ingsun kang abadan wesi kuning, angrasuk sarira Nabi Suleman kang sekteningsun, Sis utekingsun, Adam atiningsun, Muhammad paningalingsun, Brahim nyawaningsun, Isa napasingsun, Yakup karnaningsun, Musa lesaningsun, Dawud swaraningsun, sakabat papat kulit daging getih lan balungingsun, Ayub ususingsun, Yunus ototingsun, Nuh jantungingsun, Idris rambut wuluningsun, wus pepak jumeneng sarira Nabi, sakehing teluh tuju, tenung, braja, cakra, curiga, watang limpung, bedhil, mriyem narantaka ora tumeka, ajur omah ting saluwir tanpa bahya, hu akbar, hu akbar. Lakune nglowong 7 dina 7 bengi, wiwite dina Jumuah Paing. Aji diwaca yen mangkat perang, utawa yen ana rerusuhan.

Aji Pengabaran
Ingsun amatak ajiku Maliwis putih, ilatku pamor, suwaraku gelap ngampar, mripatku kaca benggala, kulitku ternbaga, wuluku dom, drijiku supit wesi purasani, dlamakanku rajeg wesi, cangkinganku angin, pengiringku jagad, heh si Maliwis putih cucukana patukana tladungana mungsuh ingsun, lebur luluh ambruk tan mindo gawe, saka kersaning Allah. Lakune pas 21 dina, banjur ngebleng 3 dina 3 bengi, wiwite dina Setu Kliwon. Aji diwaca yen wis adhep-adhepan lan mungsuh, sarta yen arep mangkat perang.

3. Mantra Sri Rejeki

Mantra Sugih Banda
Ing wayah bedhug awan, ana ing latar ngadeg madhep mangidul, madep mangetan, mantra, Sentanaku juru gedong Retna Dumilah arane, kang rumeksa gedhongku ing jagad wetan, bukaken gedhongku kang isi inten berlean lan sarupaning manik-manik, ingsun arep nganggo. Ing wayah bedug awan, ana ing latar ngadeg madhep mangidul, mantra, Sentanaku juru gedhong bambang Bunarbuwana arane kang rumeksa gedhong ing jagad kidul, bukaken gedhongku kang isi busana wastra sapanunggalane ingsun arep nganggo. Ing wayah sore mbarengi Suruping srengenge ana ing latar ngadeg madhep mangulon, mantra, Sentanaku juru gedhong Nurkencana remeng arane, kang rumeksa gedhongku ing jagad kulon, bukaken gedhongku kang isi kencana mulya lan kang sarwa picis sapepake ingsun arep nganggo.
Ing wayah bedhug bengi ana ing latar ngadeg madhep mangalor, mantra, Sentanaku juru gedhong Srikolem arane, kang rumeksa gedongku ing jagad br, bukaken gedhongku kang isi sawarnaning pangan kang bangsa pan, palagumantung, palaka pendhem, palakasimpar, bangsaning iber-iberan, kewan belehan lan sarupane iwak loh ingsun arep bujana, ayo, ayo, ayo enggal enggal padha tumandhanga, saben Kliwon pada teka babarengan nggawa sakabehing kabutuhaningsun. Banjur temenga mandhuwur karo muni: bapa akasa, nuli tumungkul mangisor, muni: ibu pertiwi, nyuwun bantu. Lakune pasa 40 dina, kenane mangan mung sapisan saben jam 12 bengi, wiwite dina Kemis Wage. Sabanjure saben bengi tumindak mangkono iku, dadi turune sawise jam 12 bengi, puwasane mung cukup 40 dina bae.

Mantra Sowan Ratu Gustine
Niyatingsun ngukup madah jayaning ratu, winadahan cupu kencana mulya, Adam sumingkir, Muhammad teka, Allah wis ana kene. Lakune mung setya tuhu marangratu gustine, mantra diwaca ana ing pasowanan.

Mantra Nyuwun Derajat
“Bismillahir rahmanir rahim, derajatku kang gumantung durung tumurun, muga Pangeran maringake saka wetan, kidul, kulon, lor, ngisol, nduwur, kang sampun tinampen roh robani. Lakune ngebleng 7 dina 7 bengi ana paturon ora kena mudhun saka amben, kajaba yen arep bebuwang utawa sene, flanging uga ora kena metu saka seruhong, wiwite dina Selasa Kliwon. Mantra diwaca rina wengi tanpa petungan sakarepe.

Mantra Nyuwun Munggah Derajat
Nugrahaning darajat kang kunci jro peti purasani, soronge rasa jati, Sang Hyang Semar wus nurunake tanda mubyar kukuncunge, cahya manour umanjing jiwa ragaku, kanigara sabuk benag bara-bara, tumurune payung agurig, wus tinampah roh robani, alahuma darajati turunsih. Lakune mutih 7 dina 7 bengi. Sawise tutug mutih 7 dina, kabajutake sajrone 9 wulan puwasa saben Senin Kemis, mangane sapisan saben jam 12 bengi, wiwite dino Rebo Pon. Nalikane mutih 7 dina 7 bengi ora kena mudhun saka paturon. Mantra diwaca saben jam 12 bengilan bangun esuk.

Mantra Murih Tineka Karepe
Kang cahya roh rahmani, roh jasmani, roh robani, roh kewani, kaki tumekane bapa, bisaa…………. (disebutkake apa kang dikarepake), beda apa kang cahya, kunpayakun tanpa ashadu kodratollah, pan ingsun pinayungan dening Allah. Lakune pasa 21 dina, mangane mung sapisan saben jam 12 bengi, wiwite ing dina kelahirane dhewe (wetone), mantra diwaca yen arep mangan jam 12 bengi.

Mantra Panyuwunan
Sallahu ngalaihi wasallam, Sallalahu ngalaihi wasalam. Gusti Allah kang maha agung, maha luhur, maha suci, mugi Pangeran nyembadanana pinuwunan kula, kula nyuwun ...... (disebutake panyuwune). Sallahu ngalaihi wasalam, sallahu ngalaihi wasalam, sallahu ngalaihi wasalam. Lakune sadurunge tinekan karepe, yen turu sawise jam 12 bengi ana tritisan. Mantra diwaca ana ing latar, yen esuk madhep mangetan, bedhug awan madhep mangidul, mahrib madhep mangulon, bedhug bengi madhep mangalor.

Mantra Pameling
Allahu zat, allahu sifat, allahu asma, Allahu afgal, Allahu sidik, roh kudus, roh ilapi, roh sira rohingsun rohingsun dhewe Si…… (sebutna jenenge) tekaa enggal katemu aku. Lakune oran mangan uyah 40 dnai, wiwite dina rebo Pon. Mantra diwaca mbarengi pleteking srengenge, ngadhepake prenahe omahe wong kang diundang supaya teka.

Mantra Supaya Duwe Anak
Sri putih sir ening, sri abang sir karep, tempuk watune ki jabang, urip jabang bayi rineksa sakadange, nir babaya tanpa lari. Lakune mutih 7dina wiwite dina Jumuah Legi wis rampung tirakate, ing bengi Jumuah Paing. Ing malem Jumuah Legi wis rampung tirakate, ing bengi Jumuah Paing. Ing malem Jumuah iku banjur saresmi, yen arep saresmi mantra mau diwaca, sabanjure yen saresmi kudu mung malem Senin lan Kemis. Sarta nganggo srana ngrujak nanas kang ijih enom dipangan lanang wadon, sarta diwenehake marang wong kang sugih anak.”

Mantra Weruh Sadurunge Winarah
Sir rahsa cahyaning rahsa, mut maya tejaning maya. Lakune saben duwe niat aarep meruhi sabarang kang durung kelakon, banjur mutih 3 dina 3 bengi Ian patigeni sadina sawengi, wiwite dina Jumuah Pahing. Mantra diwaca kaping 5000 saben arep mapan. Mantra panulak tenung tuju layar.

Mantra Tujuh Layar
Allahumma kulhu buntet, kulhu balik, durgateluh, jim setan peri prayangan pada mara padha mati, jalma marang jalma mati, mati karsaning Allah.
Lakune mutih 7dina 7 bengi lan pati geni sadina sawengi, wiwite dina Setu Kliwon. Mantra diwaca mbarengi surup srengenge, diwaca ing banyu diwadhahi pinggan, banyu kadamu ping 3, banjur kaombekake marang wong kang kena tenung utawa tujulayar.

Mantra Makdum Sarpin
Sang kun dat suksmadiningsih kang ngideri jroning Wawayangan, sira aja ngaling-ngalingi aku, aku arep katemu kadangku kang sajati, kang langgeng tan owah gingsir, sira metua dok kongkon (disebutake Kaperluan). Lakune ngebleng 7 dina 7 bengi wiwite dina Selasa Kliwon. Mantra diwaca jam 12 bengi.
Mantra Durgateluh
Allahuma durgateluh bolak-balik kasumpet, mara ngetan, pepet, ngidul sumpet, karsaning Allah ana tengah dheleg-dheleg ngedeprek bingung kami tenggengeng. Laku ngebleng 7 dina 7 bengi, wiwite dina Jumuah Kliwon mantra diwaca yen adhep-adhepan karo mungsuh arep perang.

Mantra Panglarutan
Raga sukma rasa diluwih, aja pepeka sirasun kongkon lolosana otot banyune mungsuhku kabeh, elingna utawa ilangna sedyanane anggone memungsuh karo ingsun iki, nglemprek keder larut saparan-paran ninggal paprangan kersaning Allah. Lakune patigeni 3 dina 3 bengi, wiwite dina Setu Kliwon. Mantra diwaca sajroning peperangan.

Mantra Nelukake Mungsuh
Heh satruku si jabang bayi (diarani jenenge), ingsun wus weruh ajal kamulanira, asalira sukma tunggal, tunggal rasa, tunggal ilatku, kaya baya ngangsar raiku, gajah meta awakku, macan nggero swaraku, banteng ketatori tandangku, jahulante nggraut nyawamu, tanpa tenggok tanpa sirah yen mbregagah, lah tundhuka bae, ya wis kasur sari jinebadan, yen sira tunduk maring aku, tundhuk rasane tunggal. Lakune pasa 21 dina, mangane sapisan jam 12 bengi, mutih 3 dina 3 bengi lan patigeni sadina sawengi, wiwite dina Rebo Kliwon. Mantra diwaca yen ketemu mungsuhe.

Mantra Pralambang Dhiri
Ingsun muja pupujaningsun, sarining bumi, sarining banyu, sarining angin, ingsun racut dadi salira tunggal, amora kumandhang suwaraningsun, manjinga cahyaningsun, dadia paninggalingsun, daya pangrunguningsun, lepas panggandaningsun, rame wicaraningsun, ya ingsun manungsa sajati, gustine manungsa kabeh, rep sirep tan ana wani maringsun. Lakune ngebleng 3 dina 3 bengi, wiwite ing dina Setu Kliwon. Mantra diwaca yen adhep-adhepan lan mungsuh, utawa yen kumpulan lan wong akeh.

Mantra Pamikat Dhiri
“Bismillahir rahmanir rahim, sajatine sariraningsun, sinning bapa aksara, sarining ibu pertiwi, sarining semarabumi, sarining srengenge, sarining rembulan, Sarining lintang, sarining angin, sarining geni, sarining banyu, ingsun nganggo sandangan roh ilapi, jroning roh ilapi cahyaningsun kang pinuji, ingsun nganggo sandangan suksma nyawa, jroning suksma nyawa, napasingsun kang landhepe pitung panyukur, awor jatining paningalingsun, pangrunguningsun, panggandaningsun kang sun puja lan swaraningsun kemput ngideri buwana, teka kedep teka sirep wong sajagad kabeh. Lakune mutih 3 dina 3 bengi, nglowong 3 dina 3 bengi, wiwite dina Rebo Pon. Mantra diwaca yen adhep-adhepan lan mungsuh utawa yen campuh perang, utawa ana babaya pakewuh.

Mantra Prabawa
“Bismillahir rahmanir rahim, ka adama sumingkir kaolah wis ana kene, kul ndhekukul si jabangbayine….. (disebutake jenege) kaya kebo dhungkul tanpa bahya, si dhungkul anggaru maluku pasawahanku.” Lakune ngebleng 7 dina 7 bengi, wiwite dina Rebo Pon. Mantra diwaca yen wis adhep-adhepan lan yen lawane yen ngrembug prakara negara lan wong manca, utawa yen sowan ratu.

Mantra Tukar Wicara
nekuk-nekuk ilatku, nanging nekuk ilat lan pikire Si….. (disebutake jenege lawane tukar bicara), kodenga kablinger ilang pikire, wel-welan ucape, cep meneng lambe panatri. Lakune mutih 7 dina 7 bengi patigeni sadina sawengi, wiwite dina Selasa Kliwon. Mantra diwaca yen wus adu arep, pamacane mung kabatin bae karo nekuk ilate dewe.

Mantra Senggara Macan
Ana kedawang miber ing tawang alat-alat, macan sewu ing mripatku, macan putih ing dhadhaku, gelap ngampar suwaraku, durga mendhak kala mendhak, teka kedhep teka wedi, teka asih mungsuhku, kodheng madhep manut sakarepku karsaning Allah. Lakune mutih 3 dina 3 bengi lan patigeni sadina sawengi, wiwite dina Jumuah Pahing. Mantra diwaca yen wis adhep-adhepan lan mungsuh.

Mantra Panglereman
Yen ana ing dalan begal durjana. Suksma nuksma, nyawa sirna, roh njendhel, rep sirep si jabang bayi katrem ing dlamakanku. Mantra kawaca sapisan karo mandeng mripate wong kang arep mbegal. Lakune pasa 21 dina mangane saben jam 12 bengi lan patigeni sadina sawengi, wiwite dina Rebo Pon.

Mantra Kateguhan
Kaki kala ingsun njaluk kiambi watu, watu sakilan sageblog kandele, rasukan ing badanku, sakehing braja dawa tuna, cendhak, cupet tiba ing ngarepku, saka karsaning Allah. Lakune nglowong 3 dina 3 bengi, wiwite dina Rebo Pon. Mantra diwaca yen ana babaya pakewuh utawa yen maju perang.

Mantra Arya Bangah
Wiyak bumi wiyak langit, jagad Suwung tan ana babaya, ingsun sajatining manungsa anukarasa bissekulem tan ana babayane, tikur, tikur, tekane, mulihe ndhungkul. Lakune mutih 3 dina 3 bengi lan patigeni sadina sawengi, wiwite dina Rebo Pon. Mantra diwaca yen ana babaya, utawa yen lemebu ing alas, sato galak padha wedi.


4. Do’a

Doa Derajat Kecantikan
Pitung dina ora kena mundur. Iki dongane, “Darajatku kang durung diparengake, Gusti Allah maringake saka lor, wetan, kidul, kulon, ngisor, duwur, wus katampan dening Roh rabani.”

Lakune wong nandur pari
Wiwid jaman Budha kudu wiwiti ana padon, sarta njupuk jenjening dina naptu 10 iya nandur 10 ceblokan, sajen lan rampe uga ana lan iki dongane, “Angin-angin amun endheng-endheng isining beras aos-aos saking karsaning Allah.”

Panyuwunan Sabarang Kareb
Lakune adus esuk jam 4, iki lekase: Yen dina Akad dongane, “Niyat ingsung adus ing dina akad, gumilanggilang ana usul khatap, tes-tumetes langkung badan turap prelu krana Allah.” Yen dina Senin dongane, “Niyat ingsun adus dina Senin, arum candhana matsirsani, ingsun nampani tingal langkung nur zat Allah prelu krana Allah.” Yen dina Selasa dongane, “Niyat ingsun adus ing dina Selasa, iki kencane mulya, metu saking akhadiyat Muhammad, mulya ana donya mulya ana akhirat, prelu krana Allah.”
Yen dina Rebo dongane, “Niyat ingsun adus ing dina Rebo, roh tan arah samodraning badan iya ingsun angumpulake banyu pitu, lakune banyu kang abang banyu rahmat, kangireng banyu nugraha, kang kuning banyu nikmat, kang dadu banyu suwarga, kang biru banyu urip, urip donya urip akherat, prelu krana Allah.” Yen dina Kemis dongane, “Niyatingsun adus ing dina Kemis, ing banyu kama-wulan, ancik-ancik watu gilang, alungguh ing sela kembar, ingsun angumpulake sadulurku papat lima badan, nem roh, pitu nyawa, prelu krana Allah.” Yen dina Jumuah dongane, “Niyatingsun adus ing dina Jumuah, oh, Allah manikku, Muhammad badanku, ingsun angrawati sakehing cahya, cahyaning lintang, cahyaning rembulan, cahyaning srengenge, mustikaning Allah ana kene, iya aku kang jumeneng roh idhafi kang ngratoni sakalir, prelu krana Allah.”

Pujine Wong Arep Turu
Panyuwun sabarang. Iki dongane, Bismillahir rahmanir rahim, kawaca ping 33. Ya subhanallah, kawaca ping 33. Ya arhamar rahimin kawaca ping 33.

Panyuwun Sabarang
Jam 4 esuk diapalke madhep mangaten ping 33, mangidul ping 33, mangulon ping 33, mangalor ping 33. Lakune ora mangan iwak, uyah, sega, iki dongane, “Bismillahir rahmanir rahim, subkhanallah ilaha qulli sai in qodir, Wahuwa lisuhu, wahuwa sirruhu, wahuwa rijkuhu birahmatika ya arhamarrahimiin.” Saben esuk madhep mangetan, sore madhep mangulon, iki dongane, “Sallallahu alathi wasalam.” Ping 3. Gusti kang Maha Agung Gusti Kang Maha Luhur, Gusti Kang Maha Suci Gusti Allah kaparenga panyuwun kawula diedanana dening kun.” Kawaca ping 3.
Marang tabik-tabik Kanjeng Sunan Kalijaga, kanggo sabarang karep, lakune mutih pitung dma, yen mangan ketan 40 dma, yen wayah bengi ana jaba sarana dedupa macaa “Kun payakun nyuwun saking kun.” Tumuli ngapalake Allahumma sirhu ping 100, Sifat Allahu ping 100, Wujud Allahu ping 100, Darajad Allahu ping 100, Rijquhu ping 100.
Lakune mangan gandum lan wedang bubuk pitung dma ana jaba, sawengi adus ping telu, yen arep adus mawa dedupa sarta pujine, “Dremba muha keblat lamat-lamat ngetoko aku, Kyai Sumberagung kula nyuwun rejeki kang agung. Kun payakun, nyuwun saking kun. Allahumma mangkurat ya aku kang sinung kuwat, ya aku kang sinung darajat, ya aku kang sinung supangat, ya aku kang sinung sugih donya, sugih saking karsane Allah.”
Marang leluhure dhewe iki dongane, “Sirkumaya, kumayane simbah (eyang saliyan kang sumare ana pasareyan or katon, kang katon sajatining urip, urip tan kenane pati, langgeng tan kenane owah, mulya ora kewoworan, kula nyuwun “ Lakune pasa Senin Kemis, iki dongane, “Wit iman babakan mertokhim, pang kalima pancer, gedhong dma Senin Kemis woh paji lan dhikir Allah sing dak sedya, tek gampang, gampang teka ngarepanku, teka saking karsane Allah.”

Pangrereman
Iki dongane, “Kitab agung isine aksara ba’, karepe sing ala si anu ba’, ba’ saking karsane Allah, Allahumma ba’ pasar, sawan wurung ba’ huhar ba’, warung ha’ bubar ha’.” Lakune ngebleng telung dina telung bengi, iki dongane, “Baga-baga, kaprusa-kaprusa, sira baga ratu tunggal anut sapa sira, yen ora anut aku.”
Lakune kungkum ana ing kali, iki dongane, “Kang Maha Suci, kang jumeneng ing Gunungjati kaparenga panyuwun kula.”“Kakang kawah kang rumeksa awak-mami, tekakna sedyaku, adhi an-an kang mayungi ngenakake pangarah, ponah getih ing rahina wengi rewangan aku, Allah kang kuwasa, kaparenga panyuwun kula, puser turutana panjalukku, papat kalima pancer kang lair bareng sadinaa sing metu marga ma, sing ora metu marga ma sing karawatan, kumpul ingsun ora pisah.”

Mantra Kutug
“Sih lumintu, rejeki aja towong, jisim alus, roh alus kang ikal bakal, kang cikal bakal ing, ingsun asung dhahar ganda arum, ingsun ngobong dupa, menyan madu, areng sejati, areng menyan kayu manuk putih, kukusing menyan sira sun-kongkon marang swarga, seger kuwarasan padhanging ati, aja sira nyimpang marga, yen nyimpang marga kena supatane Kanjeng Nabi Adam, Gusti Allah, kawula nyuwun wilujeng.”

Mantra Manawa Sore
“Aja sira turu sore, wong anom akeh dosane, tengah wengi anglilira, nyebut pangeranira, ana dewa ngilang jagad, nggawa bokor kencana isi sandang kalawan pangan, paringna kang muji amuji rina wengi, yen lara oleha tamba, tambanana muksa ilang godhogen kuwali olah, genenana kayu tawa, kekepana Waliullah, lailahailaflahu Muhammad Rasulullah.”

Mantra Mapage Tanggal
“Ajiku puspanegara, pang pradapa sasi, godhong widadari, kembang lintang, woh srengenge, sira bagea mbok lara tanggal, sak tuwa-tuwaku, isih tuwa kowe, sa enom-enommu, isih enom aku.”

Mantra Sorabat
“Ingsun amuji puji donga serabat, simbar Muhammad pinayungan Nabi Dawud, andhawut sakehing lara, andhawut sakehing dosa, andhawut sakehing rindu, rindu aja ngrindu marang badanku, aja ngrindu anak putuku, sinampar bubar, sinandung lebur, musna ilang dadi banyu kungkulan dongaku serabat.

Mandekake Ujar
Lamun arep mandi ujare, iki ismune, “Sumulung jatine tunggal, nu tunggal ora karsa, nu tunggal ora ngandika.” Dongane wong srengen, darapon kamitenggengen kang den srengeni, iki dongane, “Lamaujuda illallah.” Winaca kaping telu.

Upas-upasan
lid ismune kang winaca, “Rasa jati rasa Allah, mulya jati mulya Allah, e ana upase, sarwi dariji tengah punika kadumukaken kang badhe dhinahar.”“Ya rahum ya rahuna ya rihanun ya alimun.”

Nyuwun Pangapura ing Allah
Demikianlah bunyi mantranya, “Allahumma ghfir lana dhunubana wakaffir lana ansyiatina watawa fana ma’al abror.”

Pangracutan Jasad Sunan Kalijaga
“Badaning jasmani wus suci, ingsun gawa maring kaanan jati tanpa jalaran pati bisa mulya sampurna urip salawase, ana ing alam donya ingsun urip tumekane alam jati ingsun urip, saka kodrat iradatingsun, dadi saciptaningsun, ana sasedyaningsun, teka sakarsaningsun.”

Donga Atine Sami An’arn
Sapa-sapa kang maca ayat iki, nalikane ana wong kang kepanjingan setan utawa wong klenger, nuli diwacakake surat An’am kaping sawelas ana ing kupinge. Iki dongane, “Bismillahir rahmanir rahim. Lakod jaakum rosulum min anfusikum azierun ma anittum kharisun alikum bilmukminima roufurrahim fa’in tawallau fakul khasbiyallallahu lailaha illa huwa alaihi tawakkaltu wa huwa robul arsiel adhim.”

Donga Gaib Sulaiman
Donga gaib Sulaiman iki paedhahe diwaca nalikane arep turu, terus metu saka omah ana plataran madhep mangulon, diwaca saben jam l2bengi kaping sapisan, nganti tekan patang puluh dma suwene, nuli sidhakep kanthi nyenyuwun maring Allah, mangka wong iku pinaringan rejeki kang ajeg, iki dongane, “Allahumma in dakhola fi surati Sulaiman, wa mulki sulaiman, mina masyriki wal maghribi Idhatihi wa sifatihi wa quwatihi wa Jibrila wa Mikala Israfila wa Izroila wa mulki Sulaiman, minal masyriki wal maghribi jinnan wa tasan wa riekhan wa ghomanan wa sallama taslieman kasiran jalla jallaluh ya ibliessa’tani fitdhulumati wannur rabana takabal Sulaiman birahmatika ya arhamarrahimien.”

Donga Nurbuat
Donga nurbuat iki dongan kang agung paedahe, wanaca ginawe katemu karo wong luhur, utawa caos maring wong gedhe-gedhe utawa panggedhe supaya kinasihan.Wong kang duwe sedya ala ora tumeka. Tur maneh bisa nambahae rejeki. Iki dongane, “Allahumma disultanil radhiem, wadhil mannil kadhiem wa dhiewajhikal karim, wa waliyil kalimatief wa dakwatil mustajabi akilil khasani mm anfusil khakki alnul wal jinni, wasayatini waiyiyakadu ladhiena kafaru liyuzlikunaka biabsarihim lamma smiuddikra wa yakulluna innahu la mainun wa-ma huwa illa mana alwahdud dhul arsil majied. Touwil umuri wa sahihk jasadi waqdi khajati, wagsir amwali,wa auladi wa khabibun linnasi ajma’in, wataba adol adawautu minbani Adam mankadna khayyan wa yakhikkol kaulu alal kafirm. Innaka ala kulli syain kodier. Subkhanaka rabika robil izzati amma yasifun wa salamun alal mursalin wal khamdulillahi robil alamien.”

Donga Jabur
Donga jabur iki agung paedahe, winaca lamun arep lelungan utawa arep mlebu ana ingpanggonan kang sangar utawa angker kang ora tau dirambah manusa, nuli maca dongan iki, aja nganti putus-putus nganti teka ngliwati panggonan iku, iki dongane, “Allahumma anta awwalu, falaisa qobalaka syaiun wa antaakhiru fawa antal aliemu innaka ala kulli syiin aliem, wa antal qodiru innaka ala kulli syaiin qodhier, wala yau dhuhu ibdhuhuma wahuwal aliyul adhiem fallahu khoirunkhhafidon mm kullii syaitonin maried wa khafidfla kulli syaitonirrojiem, Wa khifdon dhalikatakdiruj
azizil aliem, innahu huwa yaubdiu wa yu’it, wa huwal ghofururul wadhut, dul arsil majied fak alullimayuried, illahi wakhtiem lana bikhoiri waya khaeran naasirien.”

Donga Kanjeng Nabi
Wus ngandika Kanjeng Nabi Muhammad SAW sapa-sapa kang maca kalimah iki, mangka wong iku ora kena bilahi wiwit saka esuk saengga sore, nuli maca ayat iki sadina sapisan, esuk utawa sore, iki dongane, “Bismjllahjr rahmanir rahim. Allahumma anta robj lailaha illa anta alaika tawakkaltu wa anta robul arsiel adhiem, Ia khaula wala kuwwata ilia billahi aliyil adhiem, masya allah ka-ana wamalam yasyak lam yakun. Ashadu annalloha alaa kulli syaiin qodhier, wa annalloha qod akhato biqulli syaiin jima wa akhso kulla syaiin adada wa anna sa’ata atitun la roiba fiiha wa annallahu yab’asu man fil qubur. Allahumma inni audgubika mm syarri nafsi wa mm syarri wa mm kuli dhaabatjn anta akhidun binasiyati. Inna robi alla syiratim rnustakiem wa anta alaa kulli syain khafid. Inna waliyyalllahu ladhie nazzalal kitaaba wa huwa yatawallas solikhien, fain tawallau fakul khasbiyallahu lailaha illa huwaallahi tawakkaltu wahuwa rabul arsil adhiem.”

Wasiyate Imam Sofyan Sori
Miturut ujare Imam Sofyan Son, sapa-sapa kang nduweni pikiran kang rupek utawa ruwed, olehe golek sandhang pangan utawa iiya-liyane karep kang sumedya becik, mangka wong iku nuli macaa donga iki saben-saben arep mapan turu, kalawan menganggo kang sarwo resik lan pikiran kang tetep winaca ambal kaping pitu terus 7 dina lawase, olehe maca madhep mangulon, wanci jam 12 bengi kalawan lunggguh kang jejeg, insya Allah pinaringan gangsar enggone golek sandhang pangan. Iki ismune kang winaca:
“Allahumma ya robana kulli sai’in wa ilaha kulli sai’in wa waliya kulli sai’in,wa khuliko kulli sai’in wa khoira kulli sai’in wa alimu bikulli sai’in wal khakimu ala kulli sai’in wal kohiru ala kulli sai’in, qudrotuka ala kulli sai’in, faghfirli kulla sai’in wakdhi li kula sai’in wahabli kulla sai’in walatas alni an sai’in, wa tukha sibni bisa’in, birahmatika ya arhamarrahimien.”

Puji Teguh Rahayu
Iki pujine yen mangan tawa sakalir, teguh rahayu, sakawit yen lepas arep madhang, muji mangkene, “Mung Allah anglilanana, anggen kula mangan kamurahaning Allah.” Nunten njimpit sekul dinenek sakiwaning ajang, nyebut, “Maelkat Kiraman Katibin, ayo mangan.” Lajeng njimpit sekul malih, dinenek satengahing ajang , nyebut, “Sadulur kang maratapa ayo mangan.”
Lajeng muluk sekul thok rambah kaping telu, punika pujine, “Bis teguh, mil luput, lah ora katon.” Lajeng dhahar, muji punika, “Bismiliahi aal rohmani al rahim.” Yen ngufl juk punika pujine, “Allah alhamdulillahi robil alamien.”

Pasucen Yen Adus
Iki sucen yen adus, supaya manther cahayane. Iki pujine kang winaca, “Murub-murub zatullah, metu murub Rasulullah, Allah mobah sajroning urip. Allah mosik sajroning rasa. Ya rasahing Allah Kang Kuwasa.”

Pasucen Toya Sahadat
Iki pasucen toya sahadat mili langgeng, kanggone yen adus tangi turu, utawa yen arep turu, iki pujine, “Tanjebing sampurnaning badan, ning sejati tanjebing kulit, ning kempet lungguh ing daging, nurullah lungguh ing bebalungan pangusen khak lungguh ing sungsum.

Pujine Yen Kepegatan Tresna
Yen kepegatan tresna, iki pujine, Sang Teng malang atikel, dosaku sawidak windu, sanapura dening Allah.

Aji Yuwana Mimis Sumingkir
Iki ajiyuwana mimis sumingkir, lakune mutih pitung dina, lakune pati geni sadina sawengi. Iki ajine kang winaca: “Prucut sira sumingkirra, sadulurmu Ki Ageng Bakal ana kene

Tawa Ing Geni
Iki aji tawa ing geni, lakune pas pitung dina kaya dene pasa ing sasi romadhon, banjur nglowong sadina sawengi.

Ilmu Akeh Paedahe
Iki ilmu akeh paedahe, lakune manas pitung dma saben esuk. Iki ismune, “Allahumma, ya ratu wailaihi, ajemangin, zat-zat ing ratu sipating ratu, apa ngalu illahi ing ratu, sarengat imaman ratu, tarekat hakikat yen makripat yahu ratu. Iki uga ismu akeh paedahe, lakune manas (dhede) pitung dina (saben esuk), yen bisa api-api maju pat le sa-tasta, den enggoni ing tengah, pitung kesuk, tanpa manas. Iki isune, “Man waliyuppa Wadalduna khak, nur jati putih, sang langlangbuwana hu sadege , la la la.”

Donga Kayu Angker
Iki dongane kang winaca. “Bismillahir rahmanir rahim, kulatu sungsang, rajah iman kedhungku, Jabarail tetekenku, jungkat Nabi Muhammad, la ilaha illallah Muhammadur Rasululah.”

Panawar Antup Sakalir
Iki panawar antup-antup sakalir, lakune mutih pitung dina, banjur nglowong sadina sawengi, yen ora kelar mutih kaya ing dhuwur mau, kena mung mutih saben Jum’at, antuk pitung Jum’at banjur nglowong sadina sawengi, kasiyate sabarang antup ora turnama, lan kena den anggo nambani wong kena antup sarana ingidonan. Iki kang winaca, “Allahumma Sang Kalika ing sabrang, tuwuh ing lautan, tawanen apase si Ceketit, tawanen upase Si Kiabang Kalajengking kabeh, tawi tawa tawar, ketiban iduku putih.”

Mantra Betah Luwe
“Ajiku si ceplukan, kedhondhong isine madu, guruku salenglengan dom, ususku sadami aking, set set singset saking karsaning Allah.”

Mantra Betah Melek
“Biyung, aku njaluk padhang, aku ora duwe, bapakmu sing duwe, byar padhang mencorong saking karsaning Allah.”

Mantra Padhang Atine
Ati-ati katengi aku njaluk padhanging ati, ora ana padhanga ati, damar kurung cumanthel pulunging ati, byar padhang wus oleh padhang ati saking karsaning Allah.


5. Nukat Gaib
“Bismillahir rahmanir rahim. Ingsun wis tanpa paningkahe rasa jati, kaanane Pangeran.”


6. Adus Sawise Ngarap Sari
“Bismillahir rahmanir rahim. Nawaitu niyat ingsun adus ke, rah keli sari bali, sunatan lillahi ta’ala, sah badanku sinampurna, tumibaa bumi suka, banyu sukci, aslupa ma- rang badan sariraku, kembang pudhak, sategal, kembang cepaka sedheng, aslupa marang badan sariraku. Allahu Akbar X 3, banjur ndamu banyu kaping 3.


7. Gangsar Golek Sandhang Pangan
Demikianlah bunyi mantranya, “Allahumma puji langgeng, suksma mulya, kumpula badan sarira, oleha rahmating Allah, oleha marga sing gampang,-gampang saking karsaning Allah, lailaha illallah Muhammad Rasulullah.”

8. Nyuwuk Bocah Lara
Demikianlah bunyi mantranya, “Wewe putih gunung sembung, gandruwo wulune bumi, Sang Prabu abala yaksa, nir mala bayane ngati, aja wuruk sudi karya, suwuken anakku iki.”


9. Manawa Kapapag Layon
“Assalamu’alaikum, alaikum salam, sawan wangkel sampar wangke, tali wangkel, lepasa parane, jembara kubure, diakua umating Allah, oleha rahmating Pangeran, kang lungo slamet.”


10. Ora Kambah Durjana
Saranane pojoking omah papat didodoki jambe jebug siji-siji. Demikianlah bunyi mantranya, “Singa barong kang mbau reksa ana ing Lodhaya, ingsun njaluk tulung reksanen papan pomahanku yen ana kang ganggu gawe sira balekna.” Kacarita yen katrima ing papan pakarangan kono katon wewayangane macan putih nggero.


11. Nglerepake Wong Nepsu
Demikianlah bunyi mantranya, “Jro mripatmu Muhammad, jrone mripatku Allah, jrone mripatmu Allah, jrone mripatku Muhammad.” Sarana kapandeng tengahing manik.


12. Dina Neptu 40
Lamun bakal ora kekurangan rezeki, lakune sesirik ora mangan sega ing dalem telung dina neptu 40 rambah kaping 6 demikianlah bunyi mantranya, “Ya Allah ya Ghafur ya Allah ya Karim.”


13. Mantra Pinaringan Rejeki
Sandhungane sok pinaringan rejeki kang agung, lakune puwasa telung dina neptu 40 rambah kaping 6, pungkasane ngebleng sadina sawengi, demikianlah bunyi mantranya, “Ya fattah ya ngalim, ya rojak ya karim!’

Namun demikian, tidak banyak orang yang mengetahui tentang mantra-mantra tersebut.